Contoh Khutbah Idul Fitri Jawa oleh Penyuluh Agama Islam Kankemenag Kulon Progo 1443 H/ 2022 M. - qodirsmart

Illuminating Your Digital Future

Khoirunnas Anfauhum Linnas

LightBlog

Mau bikin website? Kunjungi link berikut!

Banner IDwebhost

Kamis, 28 April 2022

Contoh Khutbah Idul Fitri Jawa oleh Penyuluh Agama Islam Kankemenag Kulon Progo 1443 H/ 2022 M.


NGUDI SUCÈNING JIWA LAN RAGA LUMANTAR SHIYAM LAN IDUL FITRI 1443 H

Dening: Mukhlisin Purnomo, S.Th.I, M.Pd.I

Penyuluh Agama Islam Kankemenag Kulon Progo


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Enjang punika kita sedaya sami ngraosaken kabingahan lan syukur

awit sampun paripurna anggenipun nindakaken siam kanthi tilar nêdha

ngombe lan sarêsmi, ugi lajêng nilar ing budi lan pakêrti ingkang cinacad,

santun anindakakên budi lan pakêrti ingkang luhur, lan pinuji. Enjang

punika kita mahargya dinten bakda utawi ‘Idul Fitri. 'Idul Fitri, têgêsipun:

pesta, manahipun sami bingah, jalaran sampun sami nglampahi

kuwajibanipun kanthi sagêd nanggulangi godha. Dinten riyaya punika

satunggaling dinten kangge ngetingalaken kabingahan. Kabingahanipun

tiyang muslim wonten ngalam dunya inggih punika nalika saged nglampahi

ketha’atan dhateng Allah. Piyambakipun tansah nyadhong tumurunipun

rahmat lan nugraha lumantar ganjaran ingkang badhe katampi: Allah ta’ala

paring dhawuh:

) قُلْ بٰفَضْلٰ ه اللّٰٰ وَبٰرَحْمَتٰهٰ فَبٰذَلٰكَ فَلْيَفْرَحُوا هُوَ خَيْرٌ مٰ ا ما يَجْمَعُونَ )سورة يونس: ٥٨

“Dhawuha sira Muhammad: "Tumurun ing al-Quran iku yekti kalawan

kanugrahane Allah, lan rahmate", jalaran saka iku sira padha bungaha, lan

hiya iku kang luwih becik tinimbang barang kang padha dikumpulake.” (QS

Yunus: 58)

Raos bingah lan syukur kalawau lajeng kita wujudaken kanthi

kumandhanging takbir, tahlil lan tahmid supados syiar Islam wonten ing

negari kita ketingal regeng lang gayeng kalajangaken nindakaken amal

solih supados kita tansah manggih rahmat lan kabegjan saking ngarsaning

Allah. Lan ampun kesupen kita tansah dedunga dhateng Allah kados

ingkang kaserat dening Imam Ibnu Hajar al-Asqalani ing Kitab Fathul Bari,

kanthi ucapan :

Selengkapnya downlod di SINI.

Sekian semoga bermanfaat dan berkah,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Salamat Datang Di website saya - Sudahkah kita berbuat baik hari ini? - Terima kasih telah berkunjung ke website qodirsmart, like, follow dan subscribe please!